blogué :: blog-é wông gragé

15 April 2008

Ditelepon Batur Lawas

Oleh wông gragé, terarsip di Pribadi, Cerbonan, pukul 14:15

sing_buriNembé baé batur lawas kita nelepon sing Batam. Arané Ahmad Jamal. Bari gemuya-gemuyu tak jawab telepon sing déwéké, sabab kita bli nyangka bakalan ditelepon. Awité sih ning milis Smanda Gragé déwéké nakon nomer telepon. Kontan baé tak jawab. Wis suwe pisan kita langka kontak.

“Ente mendi bae?” takon deweke. “Wis pragat tah master-é?”. Jamal wis duwé bocah loro. Wis dadi wong sukses. Terus tak inget-inget, wis suwé pisan. Ana patang taunan langka kabaré. Terakhir déwéké dolan ning Cipto. Kita gé wis suwé bli ngomong cerbonan. Rada kagok, tapi nyenengaken. Wis ah, angel nyritaaken obrolan mau. Ari nulis mengkenenan, jadi inget jogrégan-é Lamsijan ning PR-Edisi Cirebon. Mendi parané sekiyen ya? Wis wassalaam tah? Atanapi masih ana?

Boca-boca Ansadela 1993-1994, pada mendi kabeh?

nb. Foto kita sing buri lagi nerima telepon